Kamis, 28 Juli 2011

widuri ooh widuri

Teka maning kyeh…
Siki mbahas masalah Pantai Widuri!
Untunge wilayah Pemalang duwe laut, coba ning langka, kaya Purwokerto, Purbalingga, Bandung (tekan bandung mbarang akh…), wong – wong biasane luru plesiran, ning ora pegunungan.. yee… laut.
Plesiran laut ning Pemalang sing kayonge digarap temenanan kayonge isih Widuri tok kyeh, mbuh tempat liyane, aku dewek durung survey. Awit taun wingi, bagian kulon Widuri di gawe dalan tembus tekan TPI Tanjungsari, di aspal Hotmix maning, alus nemen. Dadi siki malah ramene kuwi nang dalan kuwi. Soale selain gratis, tempate asyik tenan sung.
Nggo mejeng, cangkruk an, pacaran, mancing, malah ana sing bal-balan. Apa maning ning malem minggu karo Minggu isuk, kebek ndasss….!! mbuh kuwi lanang … mbuh kuwi wadon…!!!
Kena nggo cuci mata, karo kenalan cowok cewek.
Kebanyakan wong sungkan manjing maring Widurine, soale mbayar !!!! karo ning nang njero biasane ning wong pacaran kuwi diparani karo bakul-bakul jajanan. pan ora tuku…pimen…. ora penak karo pacare….! Ndarani pacaran ora modal ikss…..!!!
Terpaksa tuku rahh…mbuh kuwi Permen Hexos karo Aqua putih, ben nggo ngobrol penak (cangkeme ben ora mambu ndeyan).



Nang kulone Widuri akeh warung iwak bakar, tapi aku dewek durung tau tuku nang kono, biasane aku nggowo jajan kadi ngomah(kaya cah tk)….!!!!
Mung siji sing nggawe sesek dada kiye, biasane ning lewat rada mambu amis-amis gimana gitu? soale nang kono ana tempat nggo nggawe iwak gereh, dadi rada mambu badeg.
Tapi tetep bae rame kok, walopun mambu, setiap sore mesti rame, biasane akeh cah nom-nom pada ngenteni srengenge kanclep.
Wis ndingin yah om dan mbakyu, kyeh tak wenehi poto2ne…
Selamat menikmati, mohon maaf bila ada kata2 yg tidak berkenan di hati anda semua!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar