Rabu, 07 Maret 2012

BABAD PEMALANG


Mlumpat maring: navigasi, goleti
Babad Pemalang ora bisa dipisah karo babad Kerajaan-Kerajaan utama nang Jawa Tengah lan Jawa Barat antarane Kerajaan Galuh Kawali, Kerajaan Tarumanegara, Kerajaan Kalingga, Kerajaan Pajajaran, Kerajaan Mataram, Kasultanan Demak, Kasultanan Pajang lyy.
Babad Pemalang juga ora bisa dipisah karo legenda-legenda lan mitos-mitos Banyumasan antarane: Ciung Wanara lan liya-liyane.
Babad Pemalang juga ora bisa dipisah karo Pangeran Benawa sing akeh kaitane karo Kabupaten Pemalang.

Silsilah Pangeran Benawa

Pemalang Jaman Kerajaan-Kerajaan

Crita sejarah Kerajaan-Kerajaan nang wilayah Pemalang umume dimolai sekang Kerajaan Majapahit (abad XIII) padahal adoh sedurunge sekitar abad VI utawa VII uga ana kerajaan Galuh Kawali sing pengaruh kekuasaane tekan wilayah Pemalang. Kerajaan Galuh kiye ora murni nduwe peradaban Sunda sebab sebagian raja-rajane malah keturunan sekang Kerajaan Kalingga (Jawa Tengah). Apamaning ana catetan sejarah sing nyebut nek Kerajaan kiye pindahan sekang lereng gunung Slamet, brarti peradaban sing dianut uga dudu peradaban Sunda sebab Peradaban Sunda kuwe asale sekang Kerajaan Tarumanegara sing dilanjutna Kerajaan Sunda terus Kerajaan Pajajaran.
Taun 732 M, wangsa Sanjaya tumbuh lan mbangun Kerajaan Mataram Kuna (Mataram Hindu) sing ibukotane nang Medhang Kamulan. Dong masa kiye dibangun candi-candi Siwa nang pegunungan Dieng, Banjarnegara.
Taun 750 M, wangsa Syailendra (Budha) nguasai Jawa Tengah, akibate pusat-pusat Kerajaan Hindu pindah ming Jawa Timur.

1 komentar:

  1. titanium wallet - titanium.arts
    With titanium wallets, it's time for your own, not with a credit card. titanium bikes for sale Titanium Wallet is a solid wallet titanium hair trimmer made from a micro titanium trim sturdy titanium touring ceramic core that titanium teeth k9

    BalasHapus