KATRESNAN JATI
katresnan sejati iku mung ngayawara
Rama tegel merjaya Shinta ing pati obong
(mung kanggo bukti sihing tresna)
Yen ngono katresnan jati iku lelandhesan cubriya???
dudu.... dudu....
kaca benggala sing salah
kaca benggala sing bubrah
nanging ngapa isih kaanggep omah
kanggo ngeyup pepayung langit biru
kanggo lelumban ing samudra biru
marang jalma kang ketaman ati biru?
katresnan jati iku kadya caritane lelembut
kerep den blabarake
angel den sunyataake
katresnan jati nora nyawang sendanging tirta
nyemplunga saraga jiwa...
UNJUKEN!!!!
CIDRO ING KATRESNAN
Diajeng...
Tak tulis layang iki...
Naliko langit kebak mendung
Gawang - gawang katon lelakon kang wus kepungkur...
Naliko ndak sawang netramu ing tegal papungan...
Laras pipimu ing watu kendal
Lan tak geget ladimu ing sendang GlagaH
Hemmm...achhh.. nanging ora jeng...
Jebul tresnamu cethek koyo kali kang kebak padas ...
Ringkih koyo kayu gapuk...
Kering koyo jati aking...
Aku wus ora nduwe pengarep arep meneh jeng.... :oops:
TRESNAKU
kayungyun duk samana nalika dak sawang
runtut gunemmu
dakik-dakik seratanmu ing nawala
aku ngerti, merga suket godhong lan rembulan
dadi mitramu sejati
rina wengi tan bisa goling
aku rugi.......
merga aku lali
banjur....
tresnaku kaseret pedhut
surup....
esuk....
lan kapan wae
mesthi bakal ana wayah manembah
pucuking angen-angen
TRESNAKU ndak sok mring GUSTI..
STASIUN GAMBIR WANCI ESUK
(dening: Triman Laksana. stasiun gambir 301108)
tekaktu iki, ora nggawa kabar dhuhkita
sanajan tetep isih kebak tandha pitakon
mung wae nuhoni jejege laku tama
gawe gegayuhan kang bakal dadi ati
lelandhesan karep.... nyekel angin ana epek-epek
wis dak rungkebi, dawane dedalanan
kanggo janji-janji kawuri sing bakal tumeka
ana sangarepe kori kahanan padhang
bareng mandhege sepur bima... ana stasiun gambir
srengenge isih tetep padha... madhangi jagat iki
kebak sanggan ana raga, supaya dadi kasunyatan
nyawiji siji... ing sajroning pangkon
Lintang-lintang
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
SEDYAKU
Wis, Jeng...
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku...
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji...
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar